Bacaan Yesaya 43:1-7

Kanggenipun tiyang Jawi, tirakat punika nedahaken teges ingkang lebet sanget. Tirakat punika tegesipun laku gesang nebihi hawa nafsu, ngemudheni diri, nglampahi gesang miturut karsanipun Gusti. Tiyang ingkang tirakat punika gesangipun boten neka-neka, piyambakipun saged ngendaleni kepenginanipun sarta nyelak dhumateng Gusti. Karana punika, tiyang ingkang asring tirakat punika saged langkung peka lan mangertos karsanipun Gusti dhateng gesangipun.

Waosan kita saking kitab Yesaya 43:1-7 punika nyerat bab pamecanipun Nabi Yesaya dhateng bangsa Israel bilih Gusti Allah badhe nebus lan ngluwari bangsa Israel saking bebenduning bangsa Babel. Kasebataken supados bangsa Israel sampun ngantos ajrih, karana Gusti Allah kersa nulungi lan paring kawilujengan dhateng Israel. Menawi bangsa Israel nyabrang ing lepen boten badhe keli. Manawi bangsa Israel lumampah ing geni boten badhe ngobong piyambakipun, awit Gusti Allah tansah nganthi. Sedaya punika badhe kelampahan bilih bangsa Israel purun mratobat sarta gesang miturut karsanipun Gusti Allah malih.

Ing mangsa pra paska punika, kita kaajak sami niti priksa kawontenan gesang kita piyambak-piyambak. “Punapa gesang kita sampun mbangun turut lan ngestokaken pangandikanipun Gusti? Punapa kita purun mratobat, nelangsani dosa duraka kita wonten ngarsanipun Gusti?” Mangsa Pra Paskah punika ngemutaken kita bab pakaryan lan pangorbananipun Gusti Yesus kangge kita. Gusti Yesus ingkang nandhang kasangsaran lan seda, punika karana tresnanipun kangge kita. Gusti Allah kersa paring kawilujengan kangge bangsa Israel, Gusti Yesus kersa nebus kita, para tiyang dosa. Karana punika mangga kita nindakaken gesang kanthi laku tirakat. Kita ngabdi lan setya bekti namung dumateng Gusti Allah, mekatena ugi kita purun mratobat. Tamtu Gusti Allah kersa paring kawilujengan kangge kita.

_(ACN)_