Gembala Menyapa
30 April 2022

Markus 4:30-34

Pasemon punika pralambang, crita pepindhan, obah owahing polatan, pitutur ingkang samun.  Pasemon boten sesambetan kaliyan kasunyatan nanging boten saged kapisah saking kasunyatan. Ingkang kacariyosaken mawi pasemon punika boten nate saged kajarwakaken kanti tuntas. Awit pasemon punika ugi wujuding dolanan lan siaga kangge nyingkiri pambengan, mila mawi rasa pangrasa ingkang alus nanging ugi ngemot trauma kabudayan.

Saking pangertosan pasemon punika, ingkang dipun tengenaken ing pasemon wiji sesawi menika sanes ageng utawi alitipun wiji, nanging tembung disebar ing lemah. Disebar ing lemah punika mretelakaken ewah-ewahan utawi pratandha maligi ingkang nedahaken wontenipun sesakit ingkang saweg mrasuk dhateng badanipun manungsa. Mila dados perkawis ingkang dipunsingkiri. Sanyata tembung disebar ing lemah punika mratelakaken lelampahan ingkang dipunlampahi dening Gusti Yesus, Gusti kita ngundhangaken kratoning swarga ingkang rawuh. Inggih margi pati ing salib.

Thukule Kratoning Allah punika saking dayanipun dhewe, kados wiji kang kasebar wontening siti. Kitab Suci martosaken kaleresan, nanging mripatipun manungsa asring dipundamel wuta dening rasa pangrasa ingkang nebih saking kaleresan punika. Dados menawi para pitados namung nengenaken asil ingkang ageng, ingkang kathah nanging boten purun udhu menika sami kaliyan nyingkur kaleresan. Kosok wangsul kaliyan pitutur jer basuki mawa bea, ingkang dipun ener namung dados wit ingkang ageng, nanging selak saking lampah disebar ing lemah.

Gesang padinten punika inggih pasemon. Punapa kemawon ingkang dipunlampahi punika ugi mratelakaken sinten sejatining tiyang punika, utawi sak boten-botenipun mralambangaken lelampahan ingkang badha kawarna ing gesangipun.


0 Komentar

Tinggalkan Balasan

Avatar placeholder

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *